29/02/2016

Ramalan Bintang Jowo

Melihat profesi dan peruntungan dari Zodiak Pèrsi Jowo anyar Gress 2016 berdasarkan weton ! !

1. PIRGO
Penggawéan sing cocok: dodol bléwah karo jéngkol. Keuangan: dèdhèl-duwèl. Asmara: mbokyo golèk sing rodo nggenah lan waras..

2. AKUWARIYUS
Penggawéan sing cocok: Dodol ondho karo gedhèk. Keuangan: nyilah-nyilih tonggo. Asmara: Sedhilut engkas jomblo, dikèprèt calon maratuwa.

3. PISKES
Penggawéan sing cocok: mikuli galon, mangkal ngojég nang protelon. Keuangan: Lèdhèh kabèh, kakèhan nogél. Asmara: jaré maratuwa: "aku golèk mantu tp gak koyok raimu!!"

4. ARIYÉS
Penggawean sing cocok: angon wedhus, mbècak. Keuangan: kakéhan utang, tombok terus. Asmara: upgrade-en disik dhapuranmu.

5. TAURUS
Penggawéan sing cocok: Ngarit pakan wedhus, dodol klepon. Keuangan: kapusan konco dhéwé. Njaluk diruwat. Asmara: ra payu², ganti pèlèt karo menyané.

6. GEMINI
Penggawéan sing cocok: Nyuluh welut, golék bekicot. Keuangan: ngedoli warisan maratuwa. Asmara: ra nggenah sir²ané lanang opo wèdok.

7. KANSER
Penggawéan sing cocok: Macul, angon bébék, golék jangkrik, juru parkir. Keuangan: sekarat, arep bangkrut. Asmara: ra ènèk sing gelem, modhal cupet dhompèt ngapret.

8. LÉYO
Penggawéan sing cocok: dodolan cawet karo dodolan daster. Keuangan: mbrebet. Asmara: ati² bakal kepèlèt bintang film kartun.

9. LIBERA
Penggawéan sing cocok: ngorèk² larahan lèk ra dadi tukang golék beling. Keuangan: ra énthos golék dhuwit. Asmara: malem minggu sir²ané ngidham ménék talang.

10. SEKORPIO
Penggawéan sing cocok: Ngelapi genthèngé tonggo. Keuangan: podho mlaraté, dikuras copèt. Asmara: duwé sir²an engkrik-engkrik'en.

11. SAGITARIYUS
Penggawéan sing cocok: Ngresiki jumbleng, lèk ana wektu nyopèto. Keuangan: bojo purik njaluk mulih nang maratuwa. Asmara: ditempilingi aé karo bojoné.

12. KAPRIKOREN
Penggawéan sing cocok: dagang krupuk upil.
Keuangan: Nguwatiri, waspada tukang panci nagih! Asmara: cebléh, pacar njaluk rebonding kèlèk, ajuuur mumur.

Klik disini

0 komentar:

Post a Comment