15/05/2016

Adab Seorang Isteri

Adab istri atas Suami 

(Marwoti in action...qiqiqiqiqi)
.
Wengi iku kang MARWOTO lagi nuturi bojone sing gak tau mangan blabake pesantren.
...
(MARWOTO lan MARWOTI)
.
MARWOTO "Ti, tak kandani yo ti...
tapi, awakmu ojo nesu...!"
MARWOTI; Iyo Kang.... aku arep dikandhani opo to...??
.
MARWOTO; Ngene yo Ti... Wong wadon iku kudune,
.
1. Dawaamul hayaa'i min
zaujihaa...
Langgeng anggone isin karo sing lanang, lha kowe... jaman mbiyen pas manten anyar isinan,
malu-malu... nisbate kudu
ngentut ae diempet, isin karo aku,
lha saiki, isinmu wis ilang,
saiki awakmu wis ilang roso isin'e, ngentut yo prat-pret sak gelem-gelem...!!
.
2. Wa Ghodl-dlu Thorfihaa
Quddaamahu...
Nang ngarepe wong lanang iku pantese ndingkluk, amrih
nuduhno hormate...
lha awakmu... di kandani malah ngajak duel karo mecicili aku...!
.
3. Wath-thoo'atu li amrihii...
Nurut karo printahe wong lanang, kejobo printah sing nerak
syare'at, kowe kudu anut,Ti...
lha awakmu, tak kongkon gawe kopi ae malah nyentak-nyentak aku...
cincing-cincing jarik, karo
muring-muring ngamuk ora ngurus perasaane aku, Ti...
.
4. Wassukuutu 'inda kalaamihii...
Nek wong lanang lagi ngomong,
rungokno Ti...
OJO malah wong lanang ngucap sekecap rong
kecap awakmu mbales puluhan kecap...
Aku ngomong rung
rampung awakmu nek mbales koyo suarane mercon pas wulan poso.
.
5. Walqiyaamu 'inda Quduumihii wa khuruujihii....
Nek wong lanang arep budal tindakan utowo lungo nyambut gawe, wong wadon kudu
nganter tekan ngarep lawang,
sinambi dongakno, umpamane sing lanang kundur, wong wadon kudu nyambut rawuhe
wong lanang kanthi ajere rahi...
lha awakmu...
aku mangkat kerjo ora ngurus, aku teko kerjo, koe ya cuek...!!
.
6. Wa 'ardlu nafsihaa lahu 'inda irodatin nauumi...
Misalkan wong lanang arep nyare, melbu kamar, wong wadon kudune towo awakke....
''ajheng ngersakke
nopo mas...?''
lha awakmu...
tak jak turu bareng ae wegah, luwih mentingke nonton sinetron lan
pesbukan....
Ngeneku ora garing
kasih sayang piye jal Ti..?
.
7. Wa ta'ath-thuru...
Koe mbok tuku minyak wangi,
wong wadon iku kudu gae wewangen, ben sing lanang semangat tur tambah dèmèn.
.
8. Wa ta'ahhuduha alfamma bilmiski wath-thoibi...
Sikatan Ti...
koe tak sawang-sawang kok yo jarang sikatan
untu...
syukur-syukur nganggo
pengharum mulut ben aku tambah betah.
.
9. Wa dawaamuz ziinati bikhudlrotihii wa tarkuhaa 'inda
Ghoibatihii...
Wong wadon iku kudu macak, nganggo pepaes menawane sing
lanang nang omah, amrih
nyenengke atine wong lanang,
ninggal macak utowo pepaes menawane sing lanang ora nang umah, lha koe...
aku nang umah malah nganggone ora genah
karo rambute dawul-dawul koyo gendruwo mari lahiran...
Pas arep budal arisan utowo kondangan nek macak moblong-moblong koyo ondel-ondel.
.
10. Watarkul khiyaanati lahu...
Ojo nyidrani tresnane wong lanang....
lha kowe... angger ono
"Bronis" malah caper....!, Eling Ti, anakmu wes selikur, putumu wes telong puloh wolu...!!"
.
MARWOTI banjur nangis....
ngerangkul awake kang MARWOTO.....
.
Mendadak MARWOTI
sesenggukan minta maaf...

0 komentar:

Post a Comment